Sunday 4 March 2018

Tempat Galian Tanah di Rowosari Semarang

Wah ... jebul wis suwe biangeeet yo aku gak ngisi blog iki. Padahal aku nyeket terus lho. Yo wis iki tak isi maneh karo sketsa soko Rowosari sing populer diarani Brown canyon. Sejatine iki mung lokasi galian tanah type C sing di enggo ngguruk lahan proyek. Saben lungo rene pemandangan iso berubah amergo gawean galian iki pancen isih aktif. Mung menoro kembar sing gak di utak atik amergo wis dadi ciri khas e.

Rong lembar A4 dadi siji.
Pang kayu nggo mangsi lan kuasan waterverf.
Sak lembar kertas dowo.
Pang kayu nggo mangsi lan kuasan waterverf.

Wednesday 20 May 2015

Pasar Gang Baru

Nggambar bareng konco konco Urban Skethcers Semarang lokasine ono ning Pasar Gang Baru daerah Pecinan Semarang. Iki pasar rame banget yen isuk ... suasana e kemruyuk, sing dodol akeh sing tku yo akeh ... ha ha ha ... tapi asyik tenan nggambar e.

Pasar Gang Baru.
Daily morning bazaar. Brushpen and water colour on A3 sketchbook.

Bar rampung nggambar kahanan pasar iki, sing cedak e ono kelenteng, ujug ujug ono rombongan barongsay ... sempat nggambar wong e tapi ora barongsayne ...

Brushpen and watercolour on A5 Sketchbook.

Brushpen and watercolour on A5 Sketchbook.



Omah Loji ning Matingan Rembang. (Teak old house)

Iki sketsa ning daerah Rembang, pas e ning Mantingan. Iki omag loji kuno jaman Londo. Omah kayu jati ning pinggiran alas jati. Omah loji iki ngarep e ono kolam renang e lan ning sisih kiwone ono lapangan tenis.

A pen sketch of an old teak house from the colonial time. Located in Mantingan, Rembang, this teak house has a swimming pool and tennis court.

Omah kayu jati, loji kuno.
Old teak house.


Saturday 20 September 2014

Jl. A. Yani Street, Semarang.

Jl. A. Yani Street, Semarang.
Holiday inn on LHS and Warhol on RHS. 'Warhol Residence' is still under construction and going to be a new apartment among others.
Brush pen and water colour, 58cm x29.7cm

Add caption

Skets bareng Arsisketur

Arsiskettur iku kelompok skets poro alumni Fak. Arsitektur Universitas Katholik Sugiyopranoto Semarang. Ing ulang tauhun e sing kaping 2 tahun 2014 iki poro konco Arsisketur nganakno acara Pameran, Work Shop lan Sketsa Bareng. Acarane apik tenan okeh poro konco soko Suroboyo sing teko ugo soko Jogja. Aku dewe melu seneng iso ketemu karo Pakdhe Yos, Wahyu Sigit lan LK Bing lan liyane kabeh.

Workshop e di isi karo LK Bing, nambah pangerten tentang peralatan lan media skets ugo ono demo skets soko LK bing lan Rudi Hartanto.

prep up ... prep up ... LK Bing ketok sibuk nyiapke workshop e

Work shop ... tip & trick


nyempatke foto bareng karo maestro ne ...


Pakdhe Yos ... digambar karo aku :)

LK Bing karo Rudi Hartanto lagi demo
Mas Wahyu Sigit, water colourist solo Suroboyo.
Omah tuo ning Kota Lama.

Kota Lama Semarang ... sawijining pojok :)

Bodo

.... Bodo ... dino sing tunggu tunggu, mergo prei dowo, iso kumpul karo sedulur lan iso dolan. Maseo seneng e Bodo ora koyo ndek wayah isih cilik tapi Bodo tetep nyenengke.
Iki gambar gambar sing tak gawe sakwayahe preinan bodo tahun 2014.

Lagi nggambar ning Kampung Laut, nggon mangan (restaurant) sing bangunan e soko kayu lan ono ning nduwur banyu.
Digodo terus karo ponakku si Karin.

Kak Dena, mlengos gak gelem digambar :)

Suasana ning Kampung Laut, bangunan kayu iki didekno ning nduwur banyu.

Bapaku lagi dahar ning nggon mangan ning daerah ring road Kaliwungu.

Candi Sukuh, Karang Anyar.

Candi Ceto.

Candi Ceto.
Nglencer tekan Candi Sukuh lan Candi Ceto ning lereng Gn. Lawu daerah Karang Anyar Solo.

Truck ... again and again

Three sketches of truck at my working place ... we receive deliveries as well as we ship containers, so that the warehouse is busy with the trucks coming in and out. 'If and only if' I have time to do the sketch I do the sketch, mostly in midday break hour otherwise is early in the morning.