Wednesday 16 October 2013

Nglencer nang P. Tidung

Aku dijak i adikku sing ning Jakarta nglencer nang P. Tidung sing ono ing kepulauan seribu Jakarta.
Aku mangkat ko Semarang nggo motor mabur lan esuk e mangkat menyang P. Tidung. Menyang P. Tidung sko pelabuhan Muara Angke, pelabuhan cilik sing ono ing Jakarta Lor iki esuk esuk wis rame karo poro pelancong sing meh lungo ing salah sijining pulau sing ono Kepulauan Seribu, koyo to P. Pramuka, P. Onrust, P. Tidung utowo pulau sing liyane.

Amergo pelancong e okeh banget lan kapal e ora patio gede njur rombongan ku gek iso enthuk kapal sak wis e rodho awan ...

Iki sket sket sing sempat tak gawe ket sko Semarang nganti P. Tidung.

P6303308
Wayah mangkat Jakarta sko A. Yani airport Semarang.

Untitled
sing kethok sko jendelo montor mabur ... mego mego mego ...

P6303298
Nggambar ing P. Tidung.

Bamboo Bungalow
Gubug Pring, sewan nggo poro pelancong nginep.

Small wooden boat Captain
'Captain' prau kayu cilik ... sing nggowo rombongan ku menyang lokasi snoorkling.

Beach Panorama
Panorama ing P. Tidung Kecil ...

Monday 14 October 2013

Oude Stad 2 - Kutho Lawas njaman Kolonial


Oude Stad, boso Londo sing teges e 'Kutho Lawas'. Oude Stad Semarang kui ombone kiro kiro 31 hektar ono ing arah lor, lan dadi pusat praja lan dagang. Ono okeh bangunan kuno ning kene ... kiro kiro ono 50, Bangunan bangunan londo iki saiki kondisine akeh sing wis ancur, rubuh tapi ugo ono sing iseh apik lan kuat amergo tetep dienggo. Semarang dewe dadi kutho VOC ( Prusahaan Dagang Walondo) ing taun 5 oktober 1705 sawise ono teken janji Susuhunan Pakubuwono I karo VOC.

Ing laman blog iki isi gambar gambrku sing tak gawe ono ing oude stad Semarang. Monggo dipun tingali :)
Sing iki khusus sketch nggo drawing pen.


Old house
Omah omah lawas ing Oude stad, Semarang.

Old house
Omah omah lawas ing Oude stad, Semarang.

Old buildings

Roode Driehoek
Roede Driehook

Old houses
Omah omah lawas sing isih dienggoni.

Jl. Letjen Suprapto.
Gdung lawas ing Jl. Letjen Soeprapto.

Old house
Omah omah lawas ing Oude stad, Semarang.


Sunday 13 October 2013

Oude Stad - Kutho Lawas njaman Kolonial

Oude Stad, boso Londo sing teges e 'Kutho Lawas'. Oude Stad Semarang kui ombone kiro kiro 31 hektar ono ing arah lor, lan dadi pusat praja lan dagang. Ono okeh bangunan kuno ning kene ... kiro kiro ono 50, Bangunan bangunan londo iki saiki kondisine akeh sing wis ancur, rubuh tapi ugo ono sing iseh apik lan kuat amergo tetep dienggo. Semarang dewe dadi kutho VOC ( Prusahaan Dagang Walondo) ing taun 5 oktober 1705 sawise ono teken janji Susuhunan Pakubuwono I karo VOC.

Ing laman blog iki isi gambar gambrku sing tak gawe ono ing oude stad Semarang. Monggo dipun tingali :)

Kota Lama Semarang

satu sudut kota lama Semarang
Brusp pen karo waterverf.

Kota Lama Semarang

rumah tua
Omah ing Jl.Letjen Soeprapto, ora adoh tko Grejo Blendug.

het Spiegel huis
het Spigel huis
Omang pengilon

Gdung Marba, salah sijine gedung kuno tinggalan kolonial. Ndik jaman Londo gedung iki di aran i De Zeikel, siji sijine toko modern ing Semarang wayah kui.

Marba

Gambar Gdung Marba utowo de Zeikel ... nganggo buku Kokuyo, brushpen lan waterverf.

P1062108

Gdung lagi di bangun

Ono okeh gdung anyar sing di bangun ing kutho Semarang ... iki ono loro sing tak gambar, siji ono ing Jl. Pandanaran lan liyanr e ono ing Jl. A. Yani ... kabehe ora adoh tko Simpang Lima.

P1052091

P1052099

new building

new building

1 januari 2013 (Skets ning Gdung Batu)

Iki tahun baru ... bar mulih tko nglencer ing Bali ... aku moro ing Kelenteng Gdung Batu sing ugo diarani Kelenteng Sam Pho Kong, iki kelenteng sing paling gede sing ono ing Semarang, iki banguan didedikasikno nggo Cheng Ho, admiral asal ko negeri Tiongkok. Ndilalah pas aku mrono ono pertunjukan Liong karo Tari Singo.

P1012050
lagi asyiiik :)

P1012055
Tiket masuk lan sketch book ku

A corner of Gdung Batu Temple
Sko njero mburi.

Lion Dance Performance
Tari Singo.


Mandek suwe :(

Jebul e wis suwe aku gak ngisi halaman anyar ing blog iki ... sak jeg e tko Bali tahun wingi ... wah suwe banget yo. Dadi gambar sketsa ku sing tak gawe ing taun iki, 2013, babar blas durung ono sing muncul ... eee lhaaadalah :)
Mulo simak laman laman sawise iki ... arep tak up date :)