Thursday 4 October 2012

Bromo lan Pegunungan Tengger.

Dolan ning Bromo, Kawasan Taman Nasional Bromo Tengger Semeru, mesti seneng mergo alame sing apik banget. Lungo ning bukit Penanjakan isuk isuk banget supoyo isi ndeleng 'sunrise' lan ugo panorama Gunung Batok , Kawah Bromo lan Gunung Semaeru sing ono ing mburi adoh ... jan spektakuler tenan iku. Atis e ugo gak karuan, 8 drajat celcius.

Gang cilik ing kampung Tengger.
Toyota 4WD, nggo njelajahi segoro pasir lan munggah Penanjakan.

Pak sopir.
Panorama dideleng tkp Penanjakan, Gunung Batok ing ngarep, Kawah Bromo lan Gunung Semeru.


Jl. Kepodang ... meneh.

Gak bosen bosene nggambar ning dalan Kepodang sing ono ing kawasan kuto lawas Semarang iki ... Liyane gedung gedung kuno peniggalane Londo sing wis do podo digrogoti wit wit sing tukul ugo amergo ramene poro wargo Semarang sing seneng adu pithik podo ngumpuk ning nggon kono.
Iki sketsa sing tak gambar pas tal. 25 Maret 2012 ing wektu sing wis kepungkur. Enjoy ...


Ramene Jl. Kepodang. Drawing pen karo Canson A4.