Tuesday 1 January 2013

Bali 2012

Preinan lungo Bali ... opo meneh sing digowo yen gak alat nggambar :)
Aku lungo mangkat tanggal 22 bengi lewat Jogja lan balik e tanggal 25 bengi, bareng bareng karo konco sak kantor cacah e ono 3 wong. Telung ndino ning kono lumayan iso nggambar nggon sing tak parani antarane Bali Bird Park, tak kiro iki nggon wisata anyar. koleksi manuke okeh tenan, yo wis mesti wong jenenge bird park :) Aku sing seneng taman taman e sing ono wit wit asri lan kolam ... mlebu metu aviary. Terus ning GWK (Garuda Wisnu Kencana) ... ning kene aku agak sempat nggambar mung motret wae :( Mari GWK terus ning Uluwatu ... nonton tebing ning pinggir laut lan nonton tari Kecak ... seru banget back ground e sut set, sing nonton okeh.

Esuk e lungo Batubulan nonton tari Barong. Sakdurung e nonton aku sempat nggambar Bale Kulkul ... Mari Batubulan terus lungo ning hotel Ayana ... diundang karo Bos :)

Dino akhir ning Bali ... esuk lungo tanah Lot ... nggambar meneh ning kono terus awane lungo ning Krisna golek oleh oleh. Sadurunge mangkat airport nyempatke lungo panta Kute ... meh ndeleng Sumur ... alias susu dijemur :)


Salahsijining dalanan ing Bali Bird Pak ... suasanane asri banget iku gubuk iso di nggo leren
yen kesel mlaku ... lan iso nggo ngematke keasrian taman.
Buku gambar Canson A5, Drawing Pen 0.4, Water color.

Salahsijining lawang ning Bali Bird Park ... sak nggon nggon suasanae asri lan taman e mesti apik.
Buku gambar Canson A5, Drawing Pen 0.4

Tebing jurang Uluwatu ... madep ing Samodro Hindia.
'Earth Care Sketch Book' 8"x8" double page, Brush pen, wateferb (cat banyu)

Blih Roni. Sopir lan penunjuk arah ... wong e apik tenan ... dadi akrab mbek kabeh konco amergo guyonanku :)
Canson A5, drawing pen, watercolor (cat banyu)

Bale Kulkul ning Batubulan, tak gambar sadurunge nonton tari Barong & Keris.
Bale kulkul kuwi bangunan (bale) sing ono kentongane (kulkul). Kenthongan gede biasane digawe soko kayu, yen digawe soko pring iku mesti ukurane cilik.
Kokuyo Sketchbook, brush pen, Water color (cat banyu)

Tanah Lot
'Earth Care Sketch Book' 8"x8" double page, Brush pen, wateferb (cat banyu).

Tanah lot
Kokuyo, Brush pen, Water color.

Candi Bentar ... ngarep e mesti ono patung loro kiwo tengen arane Apit Lawang.
'Earth Care Sketch Book' 8"x8" double page, Brush pen, wateferb (cat banyu)