Thursday 13 March 2014

nggambar digital

iki gambar gambarku sing tak gawe karo Wacom Intuos ku sing tak tuku gek seminggu iki. Gambar ilustrasi Cina sing terkenal, soko novel klasik ‘Journey to The West’. Tokoh terkenal e yoiku Sun Go Kong ( rupo munyuk) karo Tie Pat Key (rupo babi). Mergo intuos iki iso nggo nggambar nggo tangan koyo nggambar karo kuas / pen ning kertas, koyo, mergo iki mung device digital, gambar langsung di simpen ning komputer dadi koyone soyo praktis/ gampang. Tapi sakmestine barang anyar kudu kangelan sik nggo njajal e … mesti struggling supoyo kulino.

Wacom Intuos karo Adobe Illustrator.
Pendeta Babi, Tie Pat Kay.

Pendeta Babi, Tie Pat Kay.


Sun Go Kong / Sun Wukong.
Autodesk Sketchbook 



Wacom Intuos  ... uk. cilik

nongkrong ning 'brush rest'



2 comments:

  1. duh gusti lek gun, entes pirso pakaryanipun lek gun wonten urban sktecher, terus mampir wonten blognya langsung ngakak ketawa ketiwi, basa jawaninipun kocak. salam kenal lek !!

    ReplyDelete
    Replies
    1. Pancen yen Boso Jowo dienggo sing rodho serius do kroso kocak yo, soale Boso Jowo saiki mung dienggo nulis sastra lawas, tembang lawas ugo ... utowo mung dienggo pisuhan. Ora tau dienggo ning hal serius seumpomo hukum, perdagangan utowo science (fisika kimia matematika). Blog ku iki pancen njarak tak tulis nggo nGoko amergo soyo suwe rumangsaku nek nggo boso indonesia kroso ketok birokratis utowo mung logat betawi sing akeh (sing nurutku lucu)

      Delete